Sabtu, 20 April 2013

Cerita Cekak Saka Wong Jawa


MEMEDI GERDU




Dina iki aku lembur maneh, bedane yen dina wingi aku bali bareng Bejo, dadi wengi sing katon serem, ora tak rasa. Nanging wengi iki aku bali dhewe merga Bejo wis kena giliran sip sore.
Aku isih kelingan nalika aku cilik, ana sing crita yen mbiyen, ana wong gegulung ing alas kang pirang-pirang dina durung ditemokake. Banjur seminggu suwene, mayite wong sing gegulung mau ditemokake temangsang ning ndhuwure wit aren. Mayit mau karo wong sadesa sawetara digawa ning nggerdu (pos kampling) pinggir dalan, cedhake alase Yu Siti, nembe dikuburake.
Jarene, bar kedadeyan kuwi, saben wong kang nglewati gerdu kuwi mesthi ana sing celuk-celuk njaluk tulung. Nanging pas ditiliki wong sing celuk-celuk mau rak ono wujude. Mulane, mbiyen angger bali sekolah lewat kono, aku lan koncoku padha mlayu keponthit-ponthit, jalaran wedi.
Uga ana maneh crita, yen ono wong sing diweruhi wong wadon mikul suket leren ing gerdu kuwi, nanging ban ditutake wong wadon mau wis ora ana.
Sepeda motorku tak lakokake rada banter merga sedhelo maneh aku bakal nglewati gerdu sing serem kuwi. Atiku radha ndredeg, nanging wani rak wani aku kudu nglewati gerdu kuwi.
Nalika wis sansaya cedhak marang gerdu kuwi, motorku tak lakokake sansaya banter. Pas nglewati gerdu kuwi, aku kaget. Teka-teka ana suara wong wadon nyeluki aku, ”Kang Man……..tulung, enteni aku, mandhek ndhisik aku tak bareng.”. Githokku mengkorok, aku sansaya wedhi. Aku rak wani noleh mburi. Motorku tak gas saya banter. Angin mbengi, nambah aku sansaya mrindhing.
Sawise tekan ngomah, lagi wae mbukak lawang kamar, ana sing njawil gegerku.
“Lagi bali Man?”.
Dhegg!Aku rak iso obah, aku meneng rak iso semaur, kelingan suara sing ning gerdu mau.
”Man, lha kowe ki ngapa diundang Mboke kok ora semaur?” pitakone Si Mbok.
Aku mengo, ”Oalah Si Mbok tho, lho dereng sare?” pitakonku lego.
”Hayo meh turu, gek meh mapan kebelet, iki meh ning kamar mandi.” jawabe Si Mbok.
”O, yo wis.” wangsulku.
Bar Si Mbok mapan turu, aku langsung nyandhak banyu wudhu, kanggo  sholat Isya’ kareben ora kelingan suara memedi mau. Sawise sholat Isya’ aku banjur turu tekan esuk.
Esuke, bar subuhan ana Mejid, ana woro-woro yen bakal ana kerja bhakti esuk iki. Sawise kerja bhakti watara jam 11, aku mampir ning warunge Yu Minah. Ning kono wis ana Bejo, Kusno, lan Bowo sing padha ngombe kopi. Aku banjur lungguh ning sisihe Kusno.
‘”Man mau bengi bali jam pira?” pitakona Bejo.
”Jam 10.” wangsulanku.
Aku banjur crita perkara mau bengi marang Bejo, Kusno, lan Bowo.
“Alah Man percayamen karo kaya ngono? Nglindur ya’e kowe!” wangsulane Bowo.
“Huss!! aja ngono aja-aja sisuk bar bali kerja kowe sing di celuki,Wo…Bowo…..mrene  Wo!!” guyone Kusno karo niru suarane wong wadon.
“Hiiiiii.ami-amit aku.” wangsule Bowo.
Aku mung meneng, aku nyawang dhik Tutik sing seka kadohan mlayu-mlayu nyedaki aku. Teka-teka dhik Tutik nesu-nesu.
“Kang Poniman ki piye to?dadi cah lanang rak tanggung jawab!”
“Lho Man ana apa iki?Tutik bar mbok kapake?” takone Yu Minah.
“Lha mboten kula kapak-kapake Yu! Kula nggih mboten ngertos,saestu Yu!” aku ngeyel.
“Wah, Poniman wis rak beres ki, tanggung jawab lho Man!” akone Bowo.
“Sabenere ana apa tho, dik?” takone Kusno marang Tutik.
“Ngene lho Mas, dhek mbengi aku bar bali pengajian seka desa sebelah, aku weruh Mas Poniman, rekane tak celuk-celuk supaya aku bisa nunut bareng tekan ngomah, mandhak montore sing nge-gas sansaya kenceng, yo aku njur bali dhewe to.”  terange dhik Tutik.
“Lho dadi sing celuk-celuk aku dhek bengi cedhak nggerdu kae dhik Tutik to?” pitakonku marang dhik Tutik.
“Iyo.” wangsule dhik Tutik.
“Oalah Man..Man….!” sorakke Bejo, Kusno lan Bowo.
“Nggih nyuwun ngapunten dhik Tutik ngertose Kang Poniman, njenengan niku memedi Gerdu.” jawabe Kusno.
“Kang Poniman pancen sembarangan nek ngomong.” jawabe Dhik Tutik.
“Lha kewedenTik…” wangsule Bejo.
Aku meh wae nesu merga kisinan lan digoda kanca-kancaku.
“Man..ojo nesu Man.” godane Bowo nirokake swarane wong wadon.
Aku ngguyu.
“Bocah jaman saiki kok radha ane-aneh.” gremenge Yu Minah.
Kabeh padha ngguyu cekikian.


1 komentar: