MEMEDI
GERDU
Dina iki aku
lembur maneh, bedane yen dina wingi aku bali bareng Bejo, dadi wengi sing katon
serem, ora tak rasa. Nanging wengi iki aku bali dhewe merga Bejo wis kena
giliran sip sore.
Aku isih
kelingan nalika aku cilik, ana sing crita yen mbiyen, ana wong gegulung ing alas
kang pirang-pirang dina durung ditemokake. Banjur seminggu suwene, mayite wong
sing gegulung mau ditemokake temangsang ning ndhuwure wit aren. Mayit mau karo
wong sadesa sawetara digawa ning nggerdu (pos kampling) pinggir dalan, cedhake
alase Yu Siti, nembe dikuburake.
Jarene, bar
kedadeyan kuwi, saben wong kang nglewati gerdu kuwi mesthi ana sing celuk-celuk
njaluk tulung. Nanging pas ditiliki wong sing celuk-celuk mau rak ono wujude. Mulane,
mbiyen angger bali sekolah lewat kono, aku lan koncoku padha mlayu
keponthit-ponthit, jalaran wedi.
Uga ana
maneh crita, yen ono wong sing diweruhi wong wadon mikul suket leren ing gerdu
kuwi, nanging ban ditutake wong wadon mau wis ora ana.
Sepeda
motorku tak lakokake rada banter merga sedhelo maneh aku bakal nglewati gerdu
sing serem kuwi. Atiku radha ndredeg, nanging wani rak wani aku kudu nglewati gerdu
kuwi.
Nalika wis
sansaya cedhak marang gerdu kuwi, motorku tak lakokake sansaya banter. Pas
nglewati gerdu kuwi, aku kaget. Teka-teka ana suara wong wadon nyeluki aku, ”Kang
Man……..tulung, enteni aku, mandhek ndhisik aku tak bareng.”. Githokku
mengkorok, aku sansaya wedhi. Aku rak wani noleh mburi. Motorku tak gas saya
banter. Angin mbengi, nambah aku sansaya mrindhing.
Sawise tekan
ngomah, lagi wae mbukak lawang kamar, ana sing njawil gegerku.
“Lagi bali
Man?”.
Dhegg!Aku
rak iso obah, aku meneng rak iso semaur, kelingan suara sing ning gerdu mau.
”Man, lha
kowe ki ngapa diundang Mboke kok ora semaur?” pitakone Si Mbok.
Aku mengo, ”Oalah
Si Mbok tho, lho dereng sare?” pitakonku lego.
”Hayo meh
turu, gek meh mapan kebelet, iki meh ning kamar mandi.” jawabe Si Mbok.
”O, yo wis.”
wangsulku.
Bar Si Mbok
mapan turu, aku langsung nyandhak banyu wudhu, kanggo sholat Isya’ kareben ora kelingan suara memedi
mau. Sawise sholat Isya’ aku banjur turu tekan esuk.
Esuke, bar
subuhan ana Mejid, ana woro-woro yen bakal ana kerja bhakti esuk iki. Sawise kerja
bhakti watara jam 11, aku mampir ning warunge Yu Minah. Ning kono wis ana Bejo,
Kusno, lan Bowo sing padha ngombe kopi. Aku banjur lungguh ning sisihe Kusno.
‘”Man mau
bengi bali jam pira?” pitakona Bejo.
”Jam 10.” wangsulanku.
Aku banjur
crita perkara mau bengi marang Bejo, Kusno, lan Bowo.
“Alah Man
percayamen karo kaya ngono? Nglindur ya’e kowe!” wangsulane Bowo.
“Huss!! aja
ngono aja-aja sisuk bar bali kerja kowe sing di celuki,Wo…Bowo…..mrene Wo!!” guyone Kusno karo niru suarane wong
wadon.
“Hiiiiii.ami-amit
aku.” wangsule Bowo.
Aku mung
meneng, aku nyawang dhik Tutik sing seka kadohan mlayu-mlayu nyedaki aku. Teka-teka
dhik Tutik nesu-nesu.
“Kang
Poniman ki piye to?dadi cah lanang rak tanggung jawab!”
“Lho Man ana
apa iki?Tutik bar mbok kapake?” takone Yu Minah.
“Lha mboten
kula kapak-kapake Yu! Kula nggih mboten ngertos,saestu Yu!” aku ngeyel.
“Wah, Poniman
wis rak beres ki, tanggung jawab lho Man!” akone Bowo.
“Sabenere
ana apa tho, dik?” takone Kusno marang Tutik.
“Ngene lho
Mas, dhek mbengi aku bar bali pengajian seka desa sebelah, aku weruh Mas
Poniman, rekane tak celuk-celuk supaya aku bisa nunut bareng tekan ngomah,
mandhak montore sing nge-gas sansaya kenceng, yo aku njur bali dhewe to.” terange dhik Tutik.
“Lho dadi
sing celuk-celuk aku dhek bengi cedhak nggerdu kae dhik Tutik to?” pitakonku
marang dhik Tutik.
“Iyo.” wangsule
dhik Tutik.
“Oalah
Man..Man….!” sorakke Bejo, Kusno lan Bowo.
“Nggih nyuwun
ngapunten dhik Tutik ngertose Kang Poniman, njenengan niku memedi Gerdu.” jawabe
Kusno.
“Kang
Poniman pancen sembarangan nek ngomong.” jawabe Dhik Tutik.
“Lha
kewedenTik…” wangsule Bejo.
Aku meh wae
nesu merga kisinan lan digoda kanca-kancaku.
“Man..ojo
nesu Man.” godane Bowo nirokake swarane wong wadon.
Aku ngguyu.
“Bocah jaman
saiki kok radha ane-aneh.” gremenge Yu Minah.
Kabeh padha
ngguyu cekikian.